Kamis, 16 Februari 2012

khutbah jumat bahasa jawa, bahaya istidroj


الحمد لله أرسل رسوله بالهدى و دين الحقّ ليظهره على الدّين كلِّه ولو كره المشركون، أشهد ان لا اله الاّ الله وحده لا شريك له، و أشهد انّ محمّدا عبده ورسوله لا نبي بعده، اللهم صلّ و سلّم علت سيدنا محمّد و على اله وصحبه أجمعين. أما بعد فيا أيها الحاضرون رحمكم الله، أوصيكم و إياّي بتقوى الله فقد فازا المتقون.
Hadirin jamaah jumah rahimakumullah, wonten kesempatan meniko kulo ngajak kito sedoyo sopados tansah dados hamba2nipun Allah ingkang muttaqin, inggih meniko taqwo domateng Allah kanti njalanaken perintahpun lan nebihi laranganipun.
Hadirin rahimakumllah, nikmat Allah domateng kito meniko kathah sanget lan sampun pasti bilih kito mboten bade saget anggenipun ngetang, saking mimabar khutba meniko monggo kito introspeksi lan koreksi diri, bilih nikmat Allah ingkang sampun kaparing ing kito arupi rizqi, jabatan, kekuasaan lan sakpinunggalanipun, ojo2 meniko sedoyo arupi istidroj (panglulu) sebagai akibat kito sedoyo ngliwaaken peringatan Allah. Ulama ahli tafsir syekh ibnu kasir nggambaraken bentuk kehidupan tiang istidroj meniko dipun tengarai bilih Allah bukaanken pintu rizqi ngantos2 tiang2 terpedaya kalih rizqi kolowau lan nganggeb bilih deweke sing paling unggul ! kata istidroj dipun dawuhaken wonten alqur’an
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا سَنَسْتَدْرِجُهُمْ مِنْ حَيْثُ لَا يَعْلَمُونَ
Lan wong2 kang podo ndustakake ayat2 ingsun, ingsun bakal narik deweke kanti berangsur2 kanti nganggo coro kang ora deweke ngerteni”
Hadirin rohimakumullah, sebagai renungan, monggo kito tingali lan fahami pendapatipun syek ahmad ibnu athoilah wonten maqolah ingkan uninipun
خفْ مِن وجود إحسانه إليكَ و دوامِ إسأَتِكَ معه ان يكون ذلك إستدراجا لك
Wediho siro yen tansah oleh karunia Allah, lan siro kabeh tansah ono ing penggawean maksiat marang Allah ojo sampe karunia iku mau mung istidroj soko Allah taala
Ngantos ing mriki kadose sampun saget dipun pahami bilih tiang ingkang ngejaraken uripipun bergelimang harta kanti maksiat lan wantun mbangkang syariat Allah mongko tiang niku dalam kondisi istidroj. Allah ngejaraken mawon rien lan mbukaaken pintu rizqi, kesenangan, pangkat lan jabatan lan deweke ngiro bilih donyo niki ono ing gemgeman tangane lan deweke agawe sakkarepe tetapi adzab Allah mandap tatkala tiang kolo wau wonten ing posisi lagi seneng2e........ kathah sanget conto2ipun tiang ingkang sugih lali ngibadah namung foya2 lan hartane sansoyo tambah kemudian dumadaan tompo musibah hinggo akhire setres bondone telas lan sakit2en. Naudzubillahi min dzalik.
Hadirin rahimakumullah, Allah SWT andawuhaken wonten alqur’an alkarim
فَلَمَّا نَسُوا مَا ذُكِّرُوا بِهِ فَتَحْنَا عَلَيْهِمْ أَبْوَابَ كُلِّ شَيْءٍ حَتَّى إِذَا فَرِحُوا بِمَا أُوتُوا أَخَذْنَاهُمْ بَغْتَةً فَإِذَا هُمْ مُبْلِسُونَ
Mongko tatkalane deweke nglalekake peringatan kang wus densampeake marang deweke.Ingsun bukakake sekabaheane lawang kanggo deweke, sehinggo lek deweke seneng kanti opo kang wus denparingake iku, mongko ingsun nyikso kanti saknaliko, mongko ing wektu iku deweke putusasa.
Hadirin rohimakumullah, saking ayat ing nginggil saget ditingali bilih wonten 5 tahapan ingkang dipun hadapi kalian tiang ingkang nglaleaken peringatanipun Allah.
Sepindah: falammaa nasuu laa dzukkiruubih, mongko tatkalane deweke nglalekake peringatan kang wus denparengake marang deweke. Nglaleake berarti ora kelingan utowo ora nyadari tetapai sengojo lali, deweke nganggep agama iku mbebani marang deweke.
Kaping kalih: fatachnaa alaihim abwaaba kulli syai’in (ingsun bukaake sekabehane macem2 kenikmatan ingkang dadi istidroj marang deweke) ing kene biso arupo rizqi rupo pangkat lan kemewahan kang ndadeake deweke terperdaya koyo2 dunyo iku ono ing kekuasaane
Kaping tigo: chattaa idzaa farichuu bimaa uutuu (sehinggo tatkalane deweke seneng marang opo kang wus denparingaken) hadirin, tiang2 ingkang wonten posisi istidroj meniko wonten kahanan ingkan seneng jalaran Allah tansah nglulu kepinginane sehinggo deweke sansoyo terperdaya
Ingkang kaping sekawan: akhodnaahum baghtatan (mongko insun sikso deweke kanti saknaliko) sikso Allah wonten mriki mboten Cuma ing akhirat tapi selagine ing dunyo saget ngraosaken kesusahan, kadosto bilih dumadaan sedoyo kesugiahn lan kenikmatanaipun dipun pundut kaleh Allah ditambah tompo musihbah niscoyo deweke bakal ngrasaake kesusahan kang banget
Ingkang kaping gangsal: faidzaa hum mublisuun (mongko ing wektu iku deweke putus asa) hadirin rohimakumullah, ing tahapan kang kaping gangsal niki dewekipun dipun renggut kenikmatanipun sehing dadi tiang ingkan mrihatinaken sanget, panik, kesusahan, masadepanipun peteng lan putus asa lan deweke jatuh wonten tengah2 lingkungan masyarakatipun
Hadirin rohimakumullah, yen sampun kados mekaten mongko supados saget terhindar saking bahaya istidroj sayogyanipun kito tansah istiqomah wanten jalanipun Allah kanti taat nglaksanaaken perintahipun lan nebihi awisanipun
وَأَلَّوِ اسْتَقَامُوا عَلَى الطَّرِيقَةِ لَأَسْقَيْنَاهُمْ مَاءً غَدَقًا
Lan lamun deweke tetep mlaku lurus ono ing dalan islam, yekti temen2 ingsun bakal paring ngombe marang deweke kanti banyu kang seger

Mekaten khutbah ingkang saget kawulo sampeaken, monggo kito tansah dedungo domateng Allah kang Moho Kuoso, supados kito lan anak turun kito tansah dipun tebihaken kalih Allah saking istidroj ingkang manis awalipun nanging pahit akhiripun, amin ya Robbal alamin
بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم - ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات والذكر الحكيم - وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم – أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم.

الخطبة الثانية
َلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، اَلْمُتَعَالِيْ عَنِ الْمُشَارَكَةِ وَالْمُشَاكَلَةِ لِسَائِرِ الْبَشَرِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ النَّبِيُّ الْمُعْتَبَرُ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ سُبْحَانَهُ صَلَّى عَلَى نَبِيِّهِ قَدِيْمًا. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى  سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ، فِي الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ وَغَافِرَ الذُّنُوْبِ وَالْخَطِيْئَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. , اللهم اصلح جميع ولاة المسلمين وانصر الاسلام والمسلمين , واهلك الكفرة والمشركين , واعل كلماتك الى يوم الدين ,  ربنا أتنا فى الدنيا حسنة وفى الاخرة حسنة وقنا عذاب النار والحمد لله رب العالمين.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَاللهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى أَعْلَمُ وَأَجَلُّ وَأَعْظَمُ وَأَكْبَرُ.

0 komentar:

Posting Komentar